DUMADINE SALATIGA
Miturut crita dhek jaman biyen, Adipati Semarang iku sugih bandha donya. Mula kuwi Sunan Kalijaga pengin nguji Adipati Pandhanarang II. Anggone nguji Adipati pandhanarang II iku Sunan Kalijaga dadi tukang bakul suket. Saben suket sing dituku limang sen, dhuwit dislimpetake ana jero suket mau. Dening abdine ditemu lan diaturake marang Adipati Pandhanarang II. Adipati Pandhanarang II banjur dungu,
“Geneya dhuwitmu koselipake ing suketan, apa kowe ora butuh?”
“Kula betah arta, nanging setunggal sen mawon sampun cekap, pramila dados tiyang niku ampun ngempalaken bandha kemawon.” Mireng ature wong ngarit mau Adipati Pandhanarang II nesu, awit bakul suket mau kumawani marang Adipati.
“Kulo pitados panjeneng ugi nyimpen mas inten ing pekawisan punika.” Adipati tambah nesu, awit ora rumangsa nyimpen mas inten jero pekarangan. Wong ngarit mau banjur macul lan nemu mas inten.
Karo nuduhake mas inten, sorot mripate wong ngarit mrebawani, njalari Adipati tumungkul